SOAL PILIHAN GANDA 1. Wacanen wacan ing ngisor iki! Ing wayah rendheng larahan utawa sampah akeh sing mbuntoni dalan banyu. Ing kutha-kutha akeh kalen ing antarane perumahan sing kebak larahan. Ana botol plastik, bungkus jajan, tas kresek, godhong, sayuran, lan sapanunggalane. Yen udane deres, kalen-kalen iku mau buntu, akhire banyune mbludag ing dalan-dalan. Yen udane tansaya deres, alon-alon banyu udan mau saya dhuwur, anguk-anguk ing plataran omah. Nalika udane wis leren, larahan sing mbuntoni kalen isih ing panggonane. Sing liyane semburat tekan endi-endi. Ana sing ing pager, plataran, dalan-dalan, malah ana sing ing ngarep lawang. Larahan sing mbuntu kalen ambune banger banget. Yen ora enggal diresiki, laler-laler bakal padha teka nyebarake penyakit. Ukara inti wacan ing dhuwur yaiku.... A. Wayah udan deres, kalen - kalen padha buntu. B. Wayah udan akeh larahan semburat tekan endi - endi. C. Wayah rendheng larahan akeh sing mbuntoni dalan banyu. D. Larahan bakal nekakake laler kanggo nyebarake penyakit​

Répondre :

D'autres questions